Diberdayakan oleh Blogger.
 

Rabu, 31 Oktober 2012

Sambutan Bahasa Jawa

0 komentar

                Assalamu’alaikum wr.wb.
                Nuwun,
                Dumateng para alim ulama, para ustadz bil khusus bapak Budi selaku ketua jamaah yasin ingkang kulo hormati,
                dumateng sesepuh, pinisepuh, para bapak, saha mas mas anggota jamaah yasin ingkang              kulo hormati ugi.

                Sepindah monggo kita tansah ngatah-ngatahaken sukur dumateng Alloh SWT, dene menopo kita taksih keparingan hidayah saha inayah sehingga saget makempal wonten griyo mriki khanti sehat wal afiat. Mugi mugi kempal kita dalu meniko mbeto manfaat saha maslahah kagem gesang kita fi dunya wal akhirah. Kaping kalih, sholawat saha salam tansah kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung muhammad  SAW, mugi mugi kita kelebet  golongan ipun tiyang-tiyang ingkang bejo nampi syafaat awet dunyo dumugi yaumul akhir mangke.

                Bapak bapak jamaah yasin ingkang kawulo hormati, kulo ngaturaken agunging panuwun ingkang kathah dene panjenengan sampun minangkani undangan kuwulo, mugi-mugi karawuhan panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesahenan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagem gesang  kita. Kawulo nyuwun kanthi sanget keiklasan penggalih panjenengan sami  supados nderek ndongak’aken dumateng arwah leluhur kawulo ingkang sampun sumare wonten alam leluhur.

                Mugi mugi amal panjenengan sedoyo tansah dipun coret minangka amal kesahenan wonten ngarso dalem Alloh SWT. Amin. Sak lajenginpun kawulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih wonten kekiranganipun anggen kawulo nampi karawuhan panjenengan.

                Para bapak ingkang kawulo hormati, mbok bilih acara dalu meniko sampun paripurno lan panjenengan sedaya ngersaake kundur, kulo namung saget ndongaaken, mugi kundur panjenengan dugi dalem piyambak-piyambak tansah dipun ayomi dening Gusti Alloh. Mboten wonten aral setunggal menopo.

                Mekaten, menawi wonten galap gangsuling atur, kawulo nyuwon agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr wb.

0 komentar: